Kulo Tiyang Sae

Posting Boso Malangan

December 30, 2007 · 12 Comments

Hehehe.. goro2 saiki wis akeh duwe bolo sing podo malange, dadi aku wani nulis nggawe boso malangan ngene, ono sing iso nyantol. Lek biyen2, wong moco lak mek iso plonga-plongo tok, gak ngerti kamsude.

Tapi ojo ngungib lho rek lek bosone ajur, morat-marit. Soale pancen ga ono aturan bakune. Kadang tak lawik, kadang ora. Dadi lek ngungib yo gocelan sikile kursi ae :)).

Sumpah, iki eksperimen puol. Mbuh yo’opo ngko tanggapane wong2, woehehehe.

Hm, tapi ketoke mbois lek gelek2 posting nggawe boso malangan ngene. Bangga rek, dadi Arema. Masio ga seneng bal2an, masio ga pati ngerti sejarahe Malang, masio gelek nyasar ndek sawojajar :))

Pisan maneh, iki eksperimen, nekat. Ojo ditiru lek ga pingin diarani rodo seweng.

Jasik!! Wis jam limo sore! Aku ndek idrekan iki. Mulai wingi gak ngalup2. Cabut sek. Sedino durung adus blas. Wedine lek ketemu tukang sate aku diuber, disangkakno wedus :))

O iyo, saiki postingan2 koyok ngene ta dewekno ndek kategori ‘java’, hehehe.

Sepurane gawe bolo2 sing ga iso boso jowo, opo maneh malangan. Aku gak nyediakno transletan. Eh, ngerti kan kamsude?

wes, a? tambah morat-marit isine blog iki :))

Categories: java
Tagged: ,

12 responses so far ↓

Leave a Comment