Melase Talah

Catatan: Postingan ini murni pake bahasa jawa timuran. Maaf roaming ya.

Tak ceritani rek. Dadi iki mau pas wayahe mangan awan, aku karo arek2 kantor (kabehe arek sepuluh) nggerudug warung. Kok yo ndilalah aku sing kari dewe. Salah pas teko sing ngantri yo wes akeh pisan.

Urap2 entek, lawuhe entek, kabeh2 entek. Pitik kari siji tak incer ket mau yo kedisikan arek2. Pas wayahku kok yo piringe entek pisan. Apik wes, kaliren karo ngenteni wonge korah2 disik.

Akhire mek kumanan sisa2ne urap, sisa2ne cap cay, krecek sithik, duduhe jangan mbuh opo iku mau, karo sambel goreng tempe.

Mari mangan wayahe mbayar, ditakoni karo sing dodol.

Ibu Warung: “Mase wau nopo mawon?”

Aku: *bingung* “Nopo nggih? campur2 niku wau.”

Ibu Warung: “O.. Lawuhe nopo?”

Aku: “Ganok lawuhe iku mau, buk..” *rodok ngotot karo melas*

Ibu Warung: *lirih* “Owalah, saknone.. Wes 6 ewu ae mas..”

Aku mbayar kok ambek kudu mberebes mili ngono. Melase talah.

 

This entry was posted in posts. Bookmark the permalink.

7 Responses to Melase Talah

  1. fajarembun says:

    melas e talah… :lol: ya Alloh… kene sam tak kirimin makanan…

  2. goop says:

    nggaya, sih, kan meja masih ada, itu dulu dihabisin haha

  3. alit says:

    biasane ngrikiti mejo koq nggaya nakam nang warung barang … wkwkwkwk…
    #melasetalah

  4. sandynata says:

    saya #prihatin #melasetalah

  5. Oom Yahya says:

    Kemaki, lhambok pindah nang mekdi opo kentaki, mesthi komanan

  6. christin says:

    melaseeee talaaahhhh =)) =))

  7. Sabai says:

    Antara melas dan sedikit lucu bacanya :) Harusnya bilang sm ibuk pemilik warung: “Lawuhe koretan kanca2 buk, mung duduh jangan ngono lho…” mesti sampeyan digratisi, mungkin malah dipek mantu… #eh

Tinggalkan Balasan

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Ubah )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Ubah )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Ubah )

Connecting to %s